Kamis, 05 Desember 2013

DOLANAN TRADISIONAL VS DOLANAN MODERN

Bocah – bocah ing dhusun Kebanaran Kecamatan Mandiraja Kabupaten Banjarnegara utamane bocah – bocah cilik sing teksih sekolah teng SD, tepate SD  N 1 KEBANARAN unggal balik sekolah mesti sing jenenge Arif, Ady, lan Andy, ora bisa dipisahaken. Bocah telu kuwe uwis dadi sahabat akrab sekang kelas papat. Mesti unggal ana dolanan cah telu mau bareng terus, lan ora bisa dipisahaken kelompoke.
Sewaktu bel sekolah di nyalakaken “kkkkrrrriiiinnngggggggg” tanda pelajaran sekolah uwis rampung, bocah – bocah langsung pada bali. Bocah telu mau duwe rencana nggo ngisi wektu sakwise bali sekolah.
Ady     : “Bro.. Aku duwe ide.. dolanan gobak sodor bae yuh..”
Andy   : “Lah.. kayane uwis saben dina mesti dhewek dolanan gobak sodor.. apa ora bosen..?? jajal nggelet dolanan liyane si.. sing lewih asyik maning?”
Arif     : “Iya bener.. kue,, tapi kira kira dolanan apa si yah?? Sing urung tau dhewek dolanani??”
Ady     : “Jonjang Kersuk?? (Petak Umpet) pewee,,??”
Arif     : “Bosen…!!!!”
Ady     : “Enthung  - enthungan, akeh godhong sing ana enthunge.. kan bisa dolanan lor kidul lor kidul.. haha..”
Arif     : “Lah kuwe maning uwis sebel.. bosen.. !!!”
Ady     : “Dolanan Uncit – uncitan, sing nang wit gedang, wite disewir setithik ngasih kaya senar terus disogi godhong gedhang digesek gesek kan moni “iccciittt,, iccciittttt,,,” rame loh..???”
Andy   : “lah bosen kabeh weh..?”
Ady     : “Lha terus arep dolanan apa? Oh iya.. dir diran (Kelereng) bae yuh,,??”
Andy   : “Mending yah menurut inyong dolanan kiye bae.. lewih asyik…!!!”
Arif     : “Dolanan apa..??”
Andy   : “Kasti..?? hahaha…”
Arif     : “Lah lah… tak kira miki uwis serius serius.. mbokan apik dolanane,, eh palh mur kaya kue thok.. oallaahhh ndy ndy…”
Andy   : “Haaahhaa.. pizzz.. berjanda… bercanda maksude…???”
Ady     : “Dolanan meng kali bae si nggenah.. yuhh…?”
Arif     : “Sip .. nah kue lha ide paling apik… yuggghhh… cekedowtttt…”

Ketelu bocah mau akhire mutusaken dolanan maring kali. Lan ijig – ijig pas arep maring kali, nang dalan ketelu bocah mau ketemu karo bocah pindahan saking Jakarta. Bocahe seumuran pada kabeh, lan ketelu bocah mau langsung kenalan karo bocah pindahan kang Jakarta kuwi.
Andy   : “Hehh… kae kayane ana bocah anyar..?? parani juh..??”
Arif     : “Yuhhh…”
Ady     : “Brayy… Ko bocah anyar yah…??”
Amin   : “Emm,, maaf ya.. aku ngga tau bahasa kamu..?”
Andy   : “Hahahaa.. Arif,, arif,,, ko teyeng ra nganggo bahasa Isyaratt,,”
Arif     : “Husssttt… kue udu bahasa isyarat… lahh,, jand.. masa pada oraaa ngerti sih.. jand,, ngisin ngisinaken inyong bae sihh…”
Andy               : “Emange ko ngerti kue bahasa apa??”
Arif     : “Hahahaha…. Ora ngerti??”
Ady     : “Inaaaa,,, jand.. kaya kue tok behh pada ora ngerti… kue bahasa Indonesia lah,, ko kuwe yahh.. wong Indonesia masa ora ngerti bahasa Indonesia.. parahh..”
Arif     : “Ya ngapurane… lah,,, jenenge bae bocah cilik lah… dimaklumi bae.. si ngapa,,??”
Andy   : “Siippp.. betulll kuwi!!!!”
Sakwise bocah telu kuwi kenal karo Bocah Jakarta mau akhire bisa dadi kawan akrab lan dolan terus unggal dina. Bocah mau jenenge Amin, Amin kuwi bocahe lumayan sugih, unggal dina mesti dolane PSan nek ora dolanan Komputer. Cah telu mau sing notabene ora tau dolanan kaya kuwe lah lewih parahe maning ora kenal dolanan kaya kuwe langsung betah banget pengin dolanan. Sing biasane unggal balik sekolah mesti nek ora dolanan maring kali ya dolanan Jonjang Musang, tapi saiki wiwit kenal karo sing jenenge Amin bocah telu kuwi siki jarang maring kali, gantine yakuwi dolan maring umahe Amin.
            Bel balik sekolah “kkkrrrrriiiiinnnnngggggg..!!!”
Andy   : “Min..? Aku warahi dolanan PSan ya,, kayane pas Aku wingi ndeleng ko dolanan kaya kae ketone asyik banget…?”
Ady     : “Nyongg.. iya kowh warahi juga,,,???”
Arif     : “Nyyoongggg juga nyoongg juga…???”
Amin   : “Iya Sip…?”

Amin sing notabene bocah Jakarta asli bisa nyesuaikna bahasane bocah telu mau, sitik sitik, lan bisa nyesuaikna keadaan lingkungane. Bocah papat mau langsung dolanan nang umahe Amin.
Andy   : “Janen asik banget yah dolanan kaya iki.. jand jand.. Min,, ko yakin untung dadi bocah Jakarta.”
Arif     : “Iya,, ko makmur banget.. apa apa bisa.. dolanan kaya kiye karepe.. seneng ya nek dadi ko Min..??”
Amin   : “Ya,, ngga gitu juga si ndy? Rif?.. Inyong palah bosen seperti ini terus?” (bahasa campuran)
Ady     : “Bisane bosen?? Nek Aku mah.. ra tau bosen yakin nek due PSan kaya iki.. unggal dina yakin dolanan terus,..”
Andy   : “Yakin bener kuwi.. ko termasuke uis untung Min.. due keluarga sugih sugih.. apa apa sing dikarepe mesti nang Bapak Ibune langsung ditukokna.
Amin   : “Iya sihh.. tapi ngga tau kenapa Inyong bosen weh karo semua ini, janene Mandan ada rasa nyesel.?”
Arif     : “Bisane?? Nyesel kenang apa min?”
Amin   : “Inyong ndeleng nang TV akeh dolanan – dolanan tradisional sing dimainkan oleh bocah – bocah desa, kreatif – kreatif lagi? Kalau di Jakarta mah ga ada dolanan kaya kuwe..        dadine Inyong pengin sih maring desa, Inyong pengin ngerti dan bisa mainkan dolanan kaya kuwi.?”
Andy   : “Ooohh.. kaya kuee…”
Ketelu bocah mau akhire nyadar, wiwit kenal karo Amin uwis ora tau dolanan – dolanan tradisional sing tau dimainna seurunge kenal karo Amin. Bocah telu kue saking senenge karo dolanane Amin yaiku PSan, palah sempet ana usaha uis pengin ora dolanan dolanan tradisional, saking senenge. Tapi palah si Amin bocah Jakarta pengin dolanan – dolanan tradisional kuwi, Amin uga tertarik karo dolanan tradisional lan pengin due niat nglestarikna dolanan mau iku. Makane kuwi Amin pindah maring desa. Amin terus crita – crita akeh maring ketelu bocah mau, rasane dadi bocah nang Jakarta lan Ketelu bocah mau uga nycitakna rasane kepriwe dadi bocah desa. Amin sadar ternyata penak urip nang desa katimbang nang kota, nang desa hawane lewih adem katimbang nang kota sing hawane panas banget. Ing desa uga isih erat dolanan – dolanane, kabudayaane, lan ning desa wargane isih ramah ramah katimbang nang kota.
Bocah telu mau akhire sadar ternyata esih lewih begjo uripe nang desa katimbang uripe Amin sing nang kota. Akhire bocah papat mau saling ngei ilmu, ilmu nang desa utawi ilmu sekang kota, supados bisa ngerti lan nyesuaikna keadaan desa lan kota. Uga bisa nglestarikaken bareng bareng. Akhire bocah telu sing sahabatan wiwit kelas papat SD katambah siji saking kota dadine Bocah papat. Lan gawe grup jenenge Papat sekawan. Unggal balik sekolah mesti nek ora dolanan PSan ya dolanan Jonjang Kersuk, kabean disesuaikna ora ninggalake dolanan tradisional uga ga ketingalan perkembangan jaman. Rampung…






Tidak ada komentar:

Posting Komentar